Header Ads Widget

Banner Iklan Sariksa

Ticker

6/recent/ticker-posts

JAJANAN TRADISIONAL NAGASARI


NAGASARI


        Nagasari inggih menika jajanan tradisional jawi ingkang dipundamel saking tepung beras, tepung sagu, santen, gendhis lan lebetipun isine pisang raja. Wujudipun jajanan menika lembut banget, lumrahipun warni pethak, lan raosipun legi.
         Jajanan niki lumrahipun didamel kangge acara - acara tartamtu, kados dene mantu, khitanan, pengaosan, lan sanes - sanesipun.
Ing jaman sakmenika jajanan niki sampun arang kepanggih, mula kita ingkang dados generasi penerus kedah saged nguri - nguri jajanan tradisional niki.
        Cara ndamele inggih menika sepindah pisang di onceki lan diiris - iris. Dipun cawisaken panci ingkang badhe dipunginakaken kangge damel adonan, lajeng dituangi santen, bubuk vanili, sarem, gendhis pasir, lan ron pandan.
Di kudek ngantos tapis, lan saksampune umeb, santen wau dituangaken wonten ing wadah ingkang sampun diisi tepung, lajeng diaduk maleh ngantos rata lan dados adonan.
Pendhet adonan sak sendok lajeng dipunseleh ing saknginggile ron pisang.
Ampun kesupen irisan pisang ugi dipunseleh ing tengahipun adonan. Saksampune dibungkus, lajeng dikukus ngantos mateng.
Matursuwun


Lihat juga cara MODIF NOTIFIKASI XIAOMI dan jangan lupa follow INSTAGRAM SAYA

Post a Comment

0 Comments